Rabu, 13 Mei 2009

Asmaradana

Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang pancen gampang
Yen angel angel kelangkung
Tan kena tinumbas arta

Sekar Macapat Asmarandana

gambuh

Pitutur bener iku
sayektine apantes tiniru
nadyan metu
saking wong sudra papeki
lamun becik wurukipun
iku pantes sira anggo

Sekar Macapat Gambuh, Wulangreh, karya Sunann Pakubuwana IV